PAWARTA MATERI BASA JAWA KELAS X PAWARTA A. Pengertene Pawarta Pawarta yaiku informasi anyar Utawa informasi ngenani sawijining Prastawa kang dumadi, dilumantarake wujud cetak, Siran internet, Utawa saka pirembugan marang wong Liya Utawa pamireng. B. Titikane Pawarta Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) kaya kasebut ing ngisor Iki : 1. Tinemu ing akal (penalaran logis) 2. Informasi pepak kang jumbuh Karo rumus 5W+1H. 3. Struktur basa trep 4. Diksi trep ora ambigu. 5. Narik kawigaten. 6. Basa kang nemsemake. C. Perangane pawarta Perangane pawarta ing antarane yaiku : a. Headline (judul/irah-irahan) b. Deadline (batas waktu) c. Lead (teras pawarta) d.Body lenguage (surasane pawarta/bahasa tubuh) D. Unsur-unsur pawarta Unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W (what,where,when,why,who) +1H (how) (apa,ing ngendi, kapan, kenang apa, sapa, kepiye). E. Sifat pawarta 1. Aktual (anyar) 2. Jarak (adoh/cedhak) 3. Penting 4. Akibat 5. Congkrah/konflik 6. Tintrim (kategangan) 7. Kemajuwabe inovasi Utawa owah-owahan teknologi 8. Emosi 9. Humor. F.Nilai awarta Ngenani nilai pawarta, ana pangerten kang ngandharake Patang nilai pawarta (Syamsul M. Romli), yaiku : 1. Cepet, yaiku aktual kan pas waktune. Pawarta iku sebisa-bisane ngandharake sawijining bab/Prastawa kang anyar. 2. Nyata, yaiku informasi Babagan sawijining fakta kang dumadi saka kedadeyan nyata, panemu, lab pratelan sumber pawarta. 3. Penting, yaiku sesambungan wong akeh. 4. Menarik, yaiku bisa narik kawigaten para pamiyarsane. G. Etika nulis pawarta - Obyektif - Cover both side H. Teknik nulis pawarta a. Pengorganisasian / ngumpulke fakta/data. Data ing kene bisa awujud wawancara (Wawan rembug), kedadeyan langsung, Utawa data-data tinulis. b. Nemtokake teras berita (lead) c. Milih tembung-tembung kang jumbuh Karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak-malik Utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungke. d. Ngawiti nulis kanthi jenjem kan temenan. Sumber: http://mybiologiilmu.blogspot.com/2017/02/cerkak.html?m=1

Komentar

Posting Komentar