Materi B.JAWA 2 KELAS X SMA/SMK/MA SESORAH Sesorah Parafrase yaiku istilah linguistik kang nduweni teges nglairake malih salah sawijining konsep kanthi cara liya sajroning basa kang pada, tanpa ngowahi makna lan tujuan awale. Carane nggawe parafrase pidato basa jawa : 1. Maca naskah asli 2. Nemtoake tema / alur 3. Nemtoake gagasan utama / ide pokok saben paragraph 4. Nggawe parafrase nganggo ukara kang beda, ukara langsung bisa di ganti nganggo ukara ora langsung. 5. Nganggo tembung kang baku, ukara kang ringkes lan gampang dipahami. Pidato Sambutan Maneka Acara Tegesipun Pidhato Pidato utawi sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh. Jinis – jinise pidhato miturut carane ngandharake keperang dadi : 1. Miturut Tujuane Pidhato a. Menehi hiburan Pidhato jinis iki katindakake nalika ing acara pahargyan, acara hiburan, kang tujuane iku gawe sumringah, seneng utawane gembira. Pamicara mung ngandharake babagan kang nyenengake uga nganggo bahasa kang santai an raket. b. Menehi Kawruh Pidhato jinis ikiisine ngandharake babagan kang sacetha-cethane supaya pamirenge mangerti kanthi jelas. Pamicara bias nganggo conto, bandingan, katrangan lan liya-iyane kang migunani kanggo nambahi jelase pokok masaalah. c. Pangajak-ajak Pidhato jinis iki pamicara ngandhrake alas an, bukti lan conto kanggo ngajak pamirenge supaya tumindak paddha utawa jumbuh karo kang dikarepake pamicara. Pidhato jinis iki biasane katindaake nalkane kampaye utawa promosi. 2. Miturut Kaanane Pidhato a. Kaanan Resmi Lumrahe ditindaake dening para pejabat nalikane nyambut acara resmi. Pidhato jinis iki kaiket dening wektu lan topic. Pamicara ora bias sakepenake dhewe ngandharake masalah jalaran wes ana naskah kang kudu diwaca dening pamicara. b. Kaanan Setengah Resmi Pidhato jinis iki tetep ngetokake kesan resmi, nanging ora kaiket wektu. Pidhato jinis iki uga jamak lumrahe katindakake dening para pejabat, nanging kahanane santai, ora nganggo naskah. c. Kaanan Ora Resmi Pamicara bias ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pamirenge, ora kaiket dening wektu an ora dibatesi wektu. d. Kaanan Liya – liyane Pidhato jinis iki kudu migatekake kahanan pamirenge, lanang utawa wadon, ngandeg apa lungguh, panas utawa adem lan liya-liyane 3. Miturut Pendekatan Isi Pidhato a. Pendekatan intelektual Pamicarane kudu migatekake kahanan pendidikan pamirenge. Nalika ing ngarepe wong kang ndueni tingkat pendidikan dhuwur, pamicara bias bae nganggo bahasa intelek. Nanging nalika pamirenge ora ndueni pendidikan kang cukup, pidhato jinis iki ora pas dilakokake. b. Pendekatan Moral Pendekatan iki digunakake nalika pamirenge seneng milu kegiatan moral. Tuladhane pengajian. Pamicara bias nganggo dalil saka kitab suci supaya pamirenge tambah percaya marang dikandaake dening pamicara. c. Pendekatan Emosional Pendekata iki efektif nalika pamicara bias mincing emosine pamireng. Nganggo rasa sedhih, seneng, lucu laan liya-liyane. Pidhato jinis iki nyesuaiake marang kahanan emosi pamirenge, supaya pamireng bias nampa kanthi jelas apa kang disampeake dening pamicara.

Komentar