GEGURITAN
MATERI BASA JAWA KELAS XII
GEGURITAN
Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa), uga ana kang biasa-biasa wae.
A. Maca lan naggapi isine teks geguritan serta niteni perangan-perangane
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki:
Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening penggurite.
Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
Menawa cara kasebut wis kolakoni, mesthibisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa sarujuk, bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sifate kosok balen (berlawanan).
Ing ngisor Iki tuladhane geguritan kang nduweni tema agama.
"Gusti"
(dening : Intan Nukhi Adhiya)
Gusti....
Dalem namung tiyang kang lemah
Kang boten saged mlampah piyambak
Gusti....
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kasenengan donya
Gusti....
Hanung siji panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing Margi kang pampang gusti
Duh gusti
B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.
C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, perlu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
1. Ora kaiket dening aturan utawa pranata guru gatra, wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
3. Bisa nggunakake lelewa basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggalane).
4. Isine bisa pitutur, piwelang, kritik, protes, nyindir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggalane.
Sumber:
1. Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
2. basajawaasli.blogspot.co.id
Sangat baik dan bermanfaat
BalasHapusBagus sekali...
BalasHapusBagus sekali
BalasHapus