Ringkesan Wewaler padha karo gugo tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata,temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kapercayaan tansah dewu rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku. Gugon Tuhon Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Batara kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kapercayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Batara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik. Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake. Budaya Jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsaan, kaluwarga, lan kadonyan. Pituduh Mungguhe bebrayan Jawa, pituduhe urip kaperang dadi enem prekara, kacheta ing ngisor iki. Pituduh magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa Pituduh kang magepokan karo rohani Pitiduh magepokan karo kamannungsan Pituduh kang magepokan karo kabangsan Pituduh magepokan kulawarga Pituduh magepokan karo kadonyan Wewaler Kaya dene pituduh, wewaler bebrayan Jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip Wewaler kang magepokan karo rohani Wewaler kang magepokan karo kamanungsan Wewaler kang magepokan karo kabangsan Wewaler kang magepokan karo kulawarga Wewaler kang magepokan karo kadonyan Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas Xll SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar